Kamis, 02 Januari 2014

Wuwuhan Lan Sesanti



Wuwuhan

Wuwuhan = tambahan = imbuhan (bahasa Indonesia)
Wuwuhan diperang dadi 3 :
1.      Ater-ater : wuwuhan kang dumunung ing sangarepe tembung lingga. Ater-ater uga diperang dadi 3.
a.       Hanuswara : ater-ater ingkang nalika diucapke mbrengengeng ing irung. Ater-ater hanuswara kanggo mujudake tembung tanduk (aktif). Jinising ater-ater hanuswara yaiku any-, am-, ang, an-.
b.      Tripurusa : kuwalikane hanuswara, ater-ater tripusura yaiku ater-ater ingkang mujudake tembung tanggap (pasif). Jinising ater-ater tripurusa yaiku dak-, ko-, di-.
c.       Ater-ater liyan : ater-ater saliyane hanuswara lan tripurusa. Jinising ater-ater liyan yaiku sa-, pa-, pi-, pra-, tar-, ka-, kuma-, kapi-, kami-, a-, ma-, pan-, pang-.
2.      Seselan : wuwuhan kang dumunug ing satengahing tembung lingga. Jinising seselan yaiku el , er , um , in .
3.      Panambang : wuwuhan kang dumunung ing pungkasaning tembung lingga. Jinising panambang yaiku –a, -i, -e, -en, -ana, -ake, -na, -ni, -ne, -ku, -mu.

 
Sesanti

1.      Adigang, Adigung, Adiguna = Wong sing ngendelake kekuwatan, kaluhuran, lan kepinteran.
2.      Ajining diri saka lathi, ajining raga saka busana = Dhewe bakal dikurmati saka lathi lan sadhangan.
3.      Kebo nusu gudhel = Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom.
4.      Becik ketitik ala ketara = Becik ala bakal ketara ing tembe burine.
5.      Rukun agawe sentosa, crah agawe bubrah = Rukun ndadekake santosa, congkrah ndadekake bubrah.
6.      Sapa salah seleh = Sapa sing salah bakal kalah.
7.      Sapa jujur bakal luhur = Sapa sing jujur bakal pikantuk kaluhuran.
8.      Pager mangan tanduran = Dipercaya malah ngrusak.
9.      Mikul dhuwur mendhem jero = Njunjung drajade wong tuwa.
10.  Sapa temen bakal tinemu = Sapa sing tenanan bakal intuk kasil.
11.  Sepi ing pamrih, rame ing gawe = Tumandang gawe tanpa duwe melik.
12.  Den asih sutrisna = Raos tresna ingkang lila.

1 komentar: