Kamis, 02 Januari 2014

Tanggap Wacana ( SOAL )



TANGGAP WACANA (PIDHATO)

        Tanggap wacana yaiku ngomong ing sangarepe wong akeh kanthi maksud kang gumathok. Tanggap wacana ana kang ngarani pidhato utawa sesorah.

          Ana ing bebrayan, manungsa iku ora bisa uwal saka duwe hajat. Dene ing hajatan ana kalane mawa  pasamuan utawa pahargyan sanajan among climeng, biasane kinanthenan sesorah utawa pidhato.
           
           Nalika nyemak sesorah utawa pidhato, sing yemak ana kalane diprangguli ora bisa mangerteni isine. Bab iki jalaran isih kurang anggone nyinau basa Jawa uga amarga paraga kang maragakake sesorah utawa pidhato iku migunakake tembung kang pancen angel dipahami.
Ancas utawa tujuane ngarani pidhato utawa sesorah yaiku:
1.      Menehi ngerti marang wong liya.
2.      Menehi kasenengan utawa panglipur.
3.      Ngajak nindakake sawijining tumindak.

         Kanthi ancas ing dhuwur, supaya anggone nindakake tanggap waana kasil dipahami dening wong kang ngrungokake, mula kudu digatekake bab-bab ing ngisor iki nalika nindakake tanggap wacana:
1.      Sora lan orane swara.
2.      Iramane swara.
3.      Swasana swara kang laras karo kahanan.

Dene bab-bab kang kurang becik katindakake nalika pidhato upamane:
1.      Ngguyu kanthi digawe-gawe.
2.      Mbesengut lan ndhingkluk.
3.      Kerep ngobahake perangan awak.
4.      Mbanda tangan utawa nglebokake tangan ing sak clana.
5.      Kerep ndeleng cathetan lan ndeleng mandhuwur.
6.      Ora nggatekake sing ngrungokake (audience).

Satemene wong sesorah utawa pidhato iku, yen digatekake ngemot bab kang karantam kaya ing ngisor iki:

1.      Salam pambuka
Yaiku ngaturake salam, upamane Assalamualaikum. Wr.wb, banjur diterusake nyebut kang padha rawuh/undhangan (lumrahe urut saka pangkat sing paling dhuwur)
2.      Purwaka
Yaiku atur panuwun marang para rawuh lan atur syukur marang Allah s.w.t.
3.      Isi
Yaiku sakabehing prakara/bab kang arep diwedharake.
4.      Wigatine pidhato( kesimpulan)
Yaiku inti saka isi sing wis diwedharake.
5.      Pangarep-arep
Yaiku pituduh-pituduh lan pangarep-arep wong sing pidhato mungguhe bab kang diwedharake marang kang mirengake supaya nindakake apa sing dikersakake.
6.      Panutup
Yaiku atur panuwun lan njaluk pangapura yen ana kekurangan yen ana kaluputan anggone nindakake pidhato.
Dene andharane saben-saben perangan rantaman iku bias kawaka maneh kanthi permati ing bab sadurunge.
Ing ngisor iki tuladha tanggap wacana, wacanen batin banjur wacanen maneh kanthi lahu lan intonasi kang trep!


TANGGAP WACANA PERPISAHAN KELAS IX

Assalamualaikum wr.wb,

         Bapak Kepala Sekolah ingkang kula urmati, Bapak/Ibu guru dalah karyawan/karyawati ingkang dhahat kinurmatan. Kanca-kanca saha adhik-adhik ingkang kula tresnani. Puja lan puji syukur dhumateng Allah s.w.t. ingkang sampun angluberaken rahmad, dene kula lan panjenengan sami saged makempal ing papan menika kangge ngawontenaken adicara perpisahan kelas IX.

      Kula mingaka wakilipun siswa-siswi kelas IX ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami, awit keikhlasan saha sih katresnan Bapak/Ibu guru anggenipun nggula wenthah para siswa. Saengga saged ngrampungaken sedaya ayahan ingkang kalampahan sadangunipun tigang taun menika kanthi asil ingkang maremaken ing galih.
          
         Sadangunipun tigang taun, kula sakanca ngangsu kawruh ing pawiyatan menika rumaos sampun karengkuh kados dene putra-putri piyambak.

      Bapak/Ibu guru tuwin adhik-adhik ingkang kula tresnani, sekedhap malih kula sakanca badhe nilaraken pawiyatan ingkang satuhu kula tresnani menika. Awrat anggen kula matur, kados awratipun nilar Bapak/Ibu guru saha adhik-adhik. Ananging kawontenan kedah mekaten, pramila kanthi awrating manah, kula sakanca nyuwun pamit lan nyuwun donga pangestunipun. Sanajan sampun pepisahan ingkang ateges tinebih ing netra, nanging kula sakanca tansah mawantu-wantu celak ing penggalih.

       Kula kinten mboten prayogi menawi kula matur kathah-kathah ing ngrsa panjenengan sedaya. Kula nyuwun angunging puja pudyastuti saking Bapak/Ibu guru saha adhik-adhik sedaya, kula sakanca saged wilujeng sasampunipun nilar pawiyatan menika, lan angsal pawiyatan luhur kangge ngangsu kawruh ilmu igkang langkung inggil. Dene ingkang boten saged nerasaken sageda angsal padamelan ingkang samurwat.

        Wasana menawi wonten kiranging tata krami anggen kula matur. Saha sisip sembiring atur, kula nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamualaikum wr.wb.


A. Wangsulan kang patitis!
1.      Apa kang diarani tanggap wacana iku?
2.      Apa irah-irahan tanggap wacana iku?
3.      Tulisna ancase tanggap wacana!
4.      Sebutna bab-bab kang kudu digatekake nalika nindakake tanggap wacana!
5.      Tulisna bab-bab kang kurang becik katindakake nalika nindakake tanggap wacana!
6.      Apa sebabe nalika nyemak pidhato ana kalane wong ora ngerti isine?
7.      Tulisna rantaman perangan pidhato kanthi urut!
8.      Apa kang diwedharake ing perangan salam pambuka ana ing pidhato?
9.      Apa kang diwedharake ing perangan panutup ana ing pidhato?
10.  Tulisna pangarep-arepe kang nindakake pidhato “Perpisahan Kelas IX”!



B. Miliha wangsulan a, b, c, utawa d kanthi menehi tandha ping (x)!

1.      Ana ing sajroning pasamuan utawa pahargyan biasane dikantheni ….
a.       macapat                 c. tembang
b.      sesorah                  d.tari
2.      Bab kang njalari ora kasil anggone nyemak pidhato upamane ….
a.       kurang akeh isine pidhato
b.      kurang nyinau basa Jawa
c.       akeh sing padha nyemak
d.      akeh sing padha rawuh
3.      Ana ing perangan salam pambuka ing pidhato, yaiku ngaturake salam lan diterusake nyebut ….
a.       jenenge dhewe
b.      kang padha rawuh
c.       jenenge sing duwe gawe
d.      kang ora padha rawuh
4.      Atur panuwun marang para rawuh lan atur syukur marang Allah s.w.t. iku kalebu perangan … ing pidhato.
a.       salam pambuka
b.      purwaka
c.       isi
d.      panutup
5.      Mapag warsa enggal 2014.
Tembung kang ngemu teges taun yaiku ….
a.       mapag                    c. enggal
b.      warsa                     d. 2014
6.      Tanggap wacana iku ngomong ing sangarepe wong akeh kanthi maksud kang ….
a.       padha        c. gumantung
b.      ora padha  d. gumathok
7.      Ancase wong nindakake tanggap wacana kaya ing ngisor iki, kajaba ….
a.       menehi pangerten
b.      menehi panglipur
c.       ngajak nindakake sing dadi panemune
d.      ngajak ngomongake sing dadi panemune
8.      Bab-bab ing ngisor iki becik ditindakake nalika nindakake pidhato yaiku ….
a.       ngguyu kanthi digawe-gawe
b.      kakehan ngobahake awak
c.       kerep ndeleng cathetan
d.      kerep nggatekake audience
9.      Tembung pawiyatan yen diudhal ….
a.       pa + wiyatan
b.      pa + wiyata + n
c.       pa + wiyata + an
d.      pa + wiyat + an
10.  … pirsa panjenengan sampun dipunwangsuli sedaya.
a.       panyuwun             c. panjaluk
b.      pamundhut            d. panuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar