Kamis, 02 Januari 2014

Cariyos Palguna Palgunadi



Cariyos Palguna Palgunadi
Prabu Ekalaya


            Prabu Ekalaya iku ksatriya ing Paranggelung. Prabu Ekalaya/Ekalawya uga diarani Bambang Ekalaya utawa Bambang Ekawaluya utawa Bambang Palgunadi. Prabu Ekalaya kagungan garwa namanipun Dewi Anggraini. Prabu Ekalaya kalebu raja ingkang arif lan wicaksana, mula kerajaan ingkang prabu ekalaya printah dados aman lan tentrem.
            Kacarita prabu ekalaya kepengin maguru manah marang Drona, gurune pandawa lan kurawa. Prabu Ekalaya banjur lunga menyang Ngastina. Nanging Drona ora gelem ngajari prabu Ekalaya amarga dheweke janji namung ngajari keturunane bharata.  Drona uga wedi yen kasaktiane Ekalaya isa nandingi Arjuna. Prabu Ekalaya banjur pamit karo mangkel ing ati. Prabu Ekalaya ora langsung bali ing kerajaane amarga dheweke isin karo bapa, garwa, lan warga Paranggelung.Prabu Ekalaya banjur mampir ana ing alas cedhak Ngastina.
            Nalika prabu ekalaya taksih leren wonten ngriku, dheweke ketemu karo wong tua, rambute putih jambul, pasuryane lucu, mripate sayu kaya wong nangis, lan pipine gembil. Wong tua iku uga ora klamben , susune kaya susu wong wadon, lan nganggo sarung bathik werna coklat. Wong tua iku yaiku Semar. Semar menehi wejangan ning Prabu Ekalaya sing katon sedih banget. Semar ngendika yen arep isa ilmu manah ora perlu maguru ning Drona amarga Ekalaya wis duwe bakat ana ing sajroning bathine. Semar uga ngakon Ekalaya nggawe patung Drona nalika Ekalaya lagi gladhen manah. Patung Drona iku isa dadi gantine guru nalika Ekalaya gladhen manah.
            Sawise oleh wejangan saka Semar , Ekalaya banjur oleh semangat meneh kanggo sinau manah.  Dheweke banjur nggawe patung Drona saka kayu inh alas iku. Nalika patunge wis dadi, Ekalaya banjur sregep sinau manah. Esuk awan sore , Ekalaya ora pernah kesel anggone sinau. Nalika isih sinau manah, Ekalaya ora pernah lali muja patung Drona sing wis digawe. Ekalaya nganggep patung iku awujudane Drona sing lagi ngawasi anggone Ekalaya sinau manah.
            Saben dina Ekalaya sinau manah karo patung Drona, nganti dheweke sakti ing ilmu manah. Kesaktian padha karo Arjuna. Yen Arjuna nggunakake panah pasopati, manah sak panah bisa dadi sepuluh panah , nanging Ekalaya bisa manah 10 panah ing sak gandewa.
            Sawijining dina, Ekalaya lagi nglakokake tapa. Nalika Ekalaya sish tapa, ana asu sing teka lan ganggu tapane. Ekalaya sing krasa keganggu nggusah asu mau, ananging asu mau ora lunga-lunga. Ekalaya banjur manah 10 panah ing cangkeme asu nganti asu mau ora isa njegug, ananging asu mau ora mati.  Si asu banjur lunga ninggalke Ekalaya. Pandhawa sing lagi bujung ing alas ketemu karo asu mau. Arjuna gumun sapa sing isa gawe asu iku dadi kaya ngene. Mestine wong sing gawe asu iku kaya ngene satriya sing ilmu panahe wis sekti. Para pandhawa mau banjur nggoleki sapa sing nglakoke iku lan akhire nemokake Ekalaya. Ekalaya banjur ngaku yen dheweke sing manah asu mau. Ekalaya uga kandha yen dheweke iku muride Drona. Para pandhawa banjur bingung. Napa isa ana wong sing ora keturunan Bharata nanging isa dadi muride Drona. Saka bingunge pandhawa mau, ana salah sijining pandhawa sing wedi amarga Ekalaya sekti anggone manah. Pandhawa iku yaiku Arjuna. Sawise ketemu karo Ekalaya pandhawa banjur bali menyang Ngastina.
            Nalika wis tekan Ngastina, Arjuna wadul karo Drona. Arjuna kandha yen Drona ora nepati janjine. Buktine ana muride Drona sing ora keturunan Bharata ketemu dheweke ing njero alas. Kesaktiane wong mau isa ngungkuli Arjuna. Drona sing ora percaya arep marani wong kang dimaksud. Drona, Wrekudara, Arjuna, Nakula, lan Sadewa banjur marani Ekalaya. Nalika ketemu Ekalaya Drona banjur takok napa Ekalaya ngaku-ngaku dadi muride Drona. Ekalaya banjur njelaske yen dheweke maguru karo patunge Drona sing wis dianggep kaya Drona sing asli, pramila Ekalaya uga nganggep dheweke muride Drona. Wedi yen kesaktiane Ekalaya bisa ngungkuli Arjuna, Drona banjur njaluk jempol tangane Ekalaya kanggo bukti tresnane murid marang gurune. Ekalaya manud-manud wae. Dheweke langssung nugel jempol tangane lan diwenehake marang Drona. Drona bamjur cekikikan nampa jempole Ekalaya amarga saiki Ekalaya ora bisa manah meneh lan Arjuna ora ana sing ngalahke. Drona lan rombongan pandhawa banjur ninggalke Ekalaya sing tangane getihen lan ora duwe jempol.
            Eklaya gumun napa guru sing dipuja-puja malah tumindhak kaya mangkono. Dheweke sedih lan bingung kepriye dheweke yen bali menyang Paranggelung. Ekalaya banjur tapa lan njaluk patulungan karo dewa-dewa. Ora suwe, batara Narada mudun saka kayangan lan marani Ekalaya. Batara Narada menehi cincin Manik Candra Buwana. Cincin iku bisa ngganti jempol tengene Ekalaya lan bisa nggawe awake kebal saka senjata apa wae. Sawise iku batara Narada balik menyang kayangan lan Ekalaya bali menyang Paranggelung.
            Ing sawijining dina ana perkara Arjuna tresna karo Dewi Anggraini lan arep dijak rabi. Ekalaya banjur ora trima lan nantang Arjuna perang tandhing. Nalika perang tandhing, Ekalaya bisa ngalahke Arjuna. Arjuna sempet mati ananging diuripke meneh karo Kresna nganggo pusaka Cangkok Wijaya Kusuma. Sawise iku Kresna lan Arjuna meneng-meneng marani Ekalaya lan arep mateni Ekalaya. Kresna mlebu ning patung Drona sing dipuja-puja karo Ekalaya. Patung iku ngakon Ekalaya nyopot cincin Manik Candra Buwana. Arjuna banjur teka lan mateni Ekalaya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar