Jumat, 03 Januari 2014

SOAL


Cupumanik Astagina

                        Resi  Gotama anggenipun krama kaliyan Dewi Windardi pinaringan putra tiga ingkang nama Anjani, Guwarsi, lan Guwarsa. Putra-putra Resi Gotama punika rumiyin nggadhahi praupan kang bagus lan ayu. Nanging sabibaripun Anjani pikantuk dolanan enggal ingkang awujud Cupu peparingipun saking ibu, putra tetiga kala wau sami cecongkrah rerebut dolanan kala wau.
                        Cupu wau lajeng dipunagem rebutan dening tetiga putra Resi Gotama. Jalaran Guwarsa lan Guwarsi melik dhateng Anjani. Guwarsa lan Guwarsi nganggep bilih tiyang sepuhipun  emban cindhe emban siladan, mbenten-mbentenaken raos tresna dhateng putra, jalaran namung Anjani mawon ingkang dipunparingi dolanan. Cupu wau lajeng dipunbucal dening Resi Gotama dhateng tebih lan dhawah ing tlaga Madirda.
Tetiga putra kalawau lajeng ngoyak Cupu wau lajeng nyemplung ing telaga. Sabibaripun nyemplung ing telaga Madirda jalaran sami rebutan Cupumanik Astagina, tetiganipun sami memba warni dados wanara banjur gantos nami dados Subali lan Sugriwa.  Jalaran tetiganipun sami rerebut Cupumanik Astagina mila pikantuk ukuman saking ingkang rama nenggih Resi Gotama. Tetiganipun banjur kadhawuhan nindakaken tapa ngidang, tapa ngalong, lan tapa kungkum. Jalaran awit raos tumemen lan ikhlas, mula tetiganipun pikantuk kanugrahaning wahyu saking Dewa ing kahyangan. Subali dados rajaning para wanara. Sugriwa mbiyantu Prabu Ramawijaya nalika perang klawan Prabu Dasamuka. Dewi Anjani kagunan putra sekti ingkang nama Anoman.

I.                   Coba wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1.      Putra-putranipun Resi Gotama lan Dewi Windardi punika nggadhahi watak ingkang kados pundi?
2.      Pitutur menapa ingkang saged kapethik saking wacan ing nginggil?
3.      Paraga sinten ingkang watakipun mboten saged dipuntuladhani dening tiyang?
4.      Kenging menapa Dewa banjur paring kanugrahan tumrap sedulur tiga punika?
5.      Jumbuh kaliyan waosan ing nginggil, kanugrahan menapa ingkang dipunparingi Dewa dhumateng tetiga putra Resi Gotama?

II.                Gawea 5 ukara kang nganggo jinising tembung-tembung rangkep!
(dwilingga padha swara, dwilingga salin swara, dwilingga semu, dwipurwa, lan dwiwasana)

III.             Gawea ringkesan carita Cupumanik Astagina nganggo bahasamu dhewe!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar