Sinopsisi Cerita wayang Ramayana :
Sintha Kandhusta
Pegat, apisah, Rama lan Shinta,
kidang kencana tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana,
saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.
Ngancik
telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat
kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa,
menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang
mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking
kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica
hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
Sinta lan
Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak hamiyarsa
suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning
wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka
Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal
lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung
pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama.
Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis
ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke
papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan. Endah kagete
Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu Dasamuka.
Manuk Jatayu
mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya dening gegamane
Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih
bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake
darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa supaya gugure Jatayu
bisa sempurna. Awit saka panyuwune Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur
secara moksa. Awake melu ilang lunga ing Suarga.
Ing perjalanan menyang Ngalengka,
Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman
didhawuhi ngabdi karo Rama.
Nalika, ing
tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara iku saka
kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek iku
saka jepitan.
Kethek iku
ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange
sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan
dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha, Sugriwa
padu karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi Subali
nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa
dadi Raja maneh ing Guwakiskendha.
Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke
wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman
didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni
kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala
Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni kanggo
ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake.
Akhire, kedadean perang gedhe
Pancawati mungsuh karo Nglengka.
Wadya balane
Ngalengka wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu kethek-kethek
balane Sugriwa, Senapati Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang.
Sawise perang Rama lan Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta
susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan maneh.
Sinta reresik awak saka geni lan banjur ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku
kudu ditindakake kanggo ngilangi pandakwa ala tumrap garwane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar