Kethoprak
Kethoprak
Kethoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa Tengah,
ananging uga bisa tinemu ing Jawa Wetan. Kethoprak wis nyawiji dadi budaya
masyarakat Jawa Tengah lan bisa ngasoraké kesenian liyané, umpamané Srandul, Emprak, lan
sakliyané.
Sajarah
Kethoprak
wiwit bebukané awujud dedolanan para priya ing dhusun sing
lagi nganaaké lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan
purnama ndadari, kasebut Gejog. Ana ing tembé kaéring tembang bebarengan ing
kampung /dhusun kanggo lelipur. Saterusé ana tambahan kendhang, terbang, lan
suling. Mula wiwit saka iku kasebut Kethoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing
tahun 1887. Banjur ana ing tahun 1909 wiwitan dianakaké pagelaran Kethoprak kanthi
paripurna/lengkap.
Pagelaran
Kethoprak wiwitan sing resmi ing ngarepé masyarakat/umum, yaiku Kethoprak
Wreksotomo, dipandhegani dening Ki Wisangkoro, sing mandhegani kabeh kakung.
Carita sing dipagelarake yaiku : Warsa - Warsi, Kendana Gendini, Darma -
Darmi, lan sapanunggalane.
Sawise
iku pagelaran Kethoprak sansaya suwe dadi lan apike uga dadi klangenane
masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sawise Pagelaran Kethoprak dadi
pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan.
Jinis
Anane
gegayutan karo pagelaran "teater" para narapraja, mula pagelaran
Kethoprak, bisa dibedakake mengkene :
- Kothékan Lesung : awujud awal mulané Kethoprak lan dadi winih ing tembé mburi dadi pagelaran Kethoprak.
- Kethoprak Lesung Wiwitan : wiwitane saka kothekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita , panguripané para tani .
- Kethoprak Lesung : Amujudaké pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kayata kendhang, suling, terbang lan lesung. Iki sing bakal dadi laire pagelaran Kethoprak.
- Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman 'mesiran' ( Baghdad ).
- Kethoprak Gamelan Pendhopo : carita-caritane ngemungake carita Babad, dipagelarake nganti seprené . Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendapa ( Pagelarane ana ing 'Pendopo').
- Kethoprak Panggung : Iki pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yaiku Kethoprak kang dipagelarake ana ing panggung kanthi carita campur, awujud carita rakyat, sejarah, babad uga carita adaptasi saka ing nagari manca ([[Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad lan sapanunggalane ).
Saiki
bisa dipirsani Kethoprak Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan.
Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran karcis , uga kanggone para
nayaga (pemain ) lan pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak wis dadi
panguripan. Tehnik pagelaran lan carita digawé luwih apik lan ditindakake
kanthi teges lan tumemen. Tuladha mau bisa dipirsani ana ing Kethoprak "Siswo
Budoyo" saking Tulung Agung, Jawa Wetan kang wis misuwur ana ing ngendi
wae, dadi klangenane masyarakat.
Isi carita
Rupa-werna
carita pagelaran Kethoprak umpama carita rakyat, dongeng, babad,legenda,
sejarah lan adaptasi saka nagari manca bisa uga migunakake swasana Indonesia,
tuladhane karya Shakespeare : Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay.
Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi
crita Menak, Panji Asmarabangun, Klana Sewandana crita Panji, Ande-ande lumut,
Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka bodo.
Carita
klangenan masyarakat bisa awujud carita pahlawanan, paperangan, carita
nglempengake kabecikan adate ing pungkasan carita sing tumindake becik, jujur
bakal entuk kamenangan.
Ageman
para nayaga pemain dipadakake karo carita kang dipagélarake, . Biasane nganggo
ageman para Narapraja Jawa wektu jaman kerajaan biyen. Umpama Pangeran
Wiroguna, Agemane ngangga Priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah (
Jogjakarta ), Semono uga para prajurit. Nanging uga ana ageman kang awujud
simbolis ,umpamane Piyantun Wicaksana aweni ageman cemeng , Piyantun suci
awerni agemmn pethak, ingkang kendhel agemane abang. Carita Baghdad agemane
kasebut "Mesiran" nganggo ageman sutra. Agemen Wayang wong
uga ana gegayutan karo Kethoprak, utamane Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih
pesisir Lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.
Uga
ana ageman kasebut basahan, yokuwi ageman kejawen ananging cinampur ing liyan
bisa arupa ageman batik, lan beskap uga surban (biasane nganggo uga jubah).
Ageman basahan iki adate ana ing carita Menak utawa carita para wali/para ulama
Islam ing sajerone praja.
Sing
dadi ciri wancine Kethoprak : Carita kanthi para nayaga/pemain , kaering
tabuhan (gamelan) ,Ageman tembang kang dadi tetenger kethoprak . Rembugan uga
biasa nganggo tembang ,dadi tembang bisa mujudake dadi pangiring adegan,
dialog, monolog ( rerasan dewe) utawa dadi narasi.
Wondene
unining gamelan kanggo ngeringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita,
swasana dramatik, kang mbedakake adegan siji lan sijine.
Perangkat pengiring
Kendang,
saron,
ketuk,
kenong,
kempul
lan gong
bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep adate nganggo suling utawa
terbang. kanthi tambahan keprak.
Para
nayaga kethoprak biasane pinter anggone "akting" uga kudu pinter
nyanyi & nari .
Para
pradangga gamelan, bebarengan karo sinden (waranggono),ngeringi irama gamelan kethoprak.
Senadyan
sing dianggo basa Jawa, nanging kudu nganggo "unggah-ungguh" basa.
bisa nganggo Jawa biasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil.
Saiki,
ana ing wolak waliking jaman, kethoprak uga duwe "improvisasi" kanthi
wujud dagelan kethoprak. Umpamane awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing
siaran Radio lan televisi. Carita bakune padha nanging dipagelarake kanthi
dagelan. Mligi ngemungake lan nyenengake pamirsane. Bab paugeran nomer loro.
Kethoprak mau biasane wis ora nganggo unggah ungguh basa lan tatakrama, sing
baku bisa gawe geguyu. Carita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa
kasebut Kethoprak ora jangkep.
Tembung "pradangga", miturut Leksikon/Kamus Bausastra Jawa anggitane Poerwodarminta tahun 1939,iku tegese "gamelan" dudu penabuh gamelan. Yen penabuh gamelan kuwi disebut "niyaga".
Tidak ada komentar:
Posting Komentar