Harmoni jawa
Kebudayaan Jawa kuwi ngutamaken keseimbangan, keselarasan karo keserasian, dadi kabeh unsur (urip karo mati, alam karo makhluk urip) kudu harmonis, saling berdampingan, intine kabeh kudu cocog.
Apa-apa sing marakna ora cocog
kudu dihindari, angger ana sing bisa ngganggu keseimbangan kuwe kudu
cepet digenahna ben kabeh mbalik harmoni maning, mbalik cocog maning.
Umum sing cokan ngganggu keseimbangan kuwe yakuwe polah menungsane, mbuh polah menungsa
karo menungsa utawa menungsa karo alam. Angger polah menungsa karo
alam, sing nggenahna maning umume dipimpin utawa dadi tanggungjawab
pimpinan masyarakat.
Sing angel nang kebudayaan Jawa yakuwe angger keseimbangan kuwe diganggu
polah menungsa karo menungsa sing umum nimbulaken konflik (harmoni
keganggu). Sing jenenge ora cocog utawa ora seneng tuli umum ning merga
arep ngindari konflik, umume rasa ora cocog kuwe dipendem.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar