Kamis, 12 Desember 2013

Contoh Soal .



Wacanen dongeng ing ngisor iki,banjur dongengna nganggo ukaramu dhewe!

DUMADUNE KUTHA SALATIGA

                Rambawati sida nyusul bojone,yaiku Ki Ageng Pandhanaran.Kacarita lakune wis tekan satengahing alas.Alas kuwi sepi.Dumadakan ana wong telu njedhul.Wong –wong kuwi padha nggawa gegaman.Rambawati wedi.”Mandeg.Bandha apa nyawa!”,pambengoke kecu telu.”Yen kowe kepengin urip,wenehna raja brana ing sjroning tekenmu!”Sejatine Rambawati owel!.Dheweke niyat nggegegi raja branane.Ananging amarga wedi wong wengis tur nggawa gegaman,Rambawati pungkasane menehake teken isi raja brana.Teken ditampani dening kecu.Bandha sajroning teken terus diedum wong telu.Rambawati dheleg-dheleg,mripate ora kedhep.Weruh kecu padha mencereng ,Rambawati kemigilan.
Ramabawati mlayu sipat kuping karo bengok-bengok,”kakang Pandhanaran,Pak Kyai Ambegane  kaya meh entek .Dheweke kesel banget.Bareng weruh kecu ora ngoyak ,atine rada lega.Rambawati nyepetake lakune,nyusul Pak Kyai lan bojone.Pambengoke Rambawati  keprungu dening bojone lan Kanjeng Sunan Kalijaga.Ora let suwe Rambawati wis tekan papan panggonane wong loro sing ngenteni.Sawise ilang kesele,deweke nyritakake lelakone.Rambawati crita karo tumungkul,getun dene ora manot dhawuhe Kanjeng Sunan Kalijaga.
Krungu critane Rambawati,Kanjeng sunan Kalijaga mesem banjur ngendika,”kowe kok ora nggatekake piwelinge bojomu?Wis tak kandani,yen kowe arep dadi muridke,kowe ora kena nggawa donya brana.Sing wigati yaiku golek donya kanggo sangu ing akirat mengko”.Sunan Kalijaga leren sawetara,banjur ngendika maneh,”sejatine kuwi dudu salahmu dhewe.Kuwi salahe wong telu,yaiku pandhanaran,kecu, lan awakmu.Mula,kanggo pangeling-eling besuk yen ana rejaning jaman,papan iki dakjenengake Salahtiga (Salatiga).Ing tembe mburi muga-muga papan iki dadi kutha kang reja”.
Tenan papan kuwi dadi reja lan tentrem.Wong telu salah,salah tiga.Salah tiga suwe-suwe dadi Salatiga.Kecu telu dadi muride Kanjeng Sunan Kalijaga.Sabanjure turun-temurun dadi wong kang becik budi pakartine.

Jawabnen soal iki kanthi bener!

11.       Sapa bojone Rambawati?
22.       Kejadian apa kang ana ing alas?
33.       Ana pira wong kang nyegat Rambawati sak rombongane?
44.       Sapa kang ana ing sandhinge prabu Pandhanaran?
55.       Kenapa Rambawati getun?
66.       Kenapa papan kuwi mau dijenengi Salatiga?
77.       Sapa sing salah kang ana ing crita kuwi?
88.       Kepriye papan kuwi sakwise dijenengi Salatiga?
99.       Salatiga iku kedadean saka?
110.   Kecu telu iku mau dadi murite sapa?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar